Text
Kumpulan Crita Cekak: Mrajak
Garis lan jantra panguripan ana owah gingsire, kayadene rina lan wengi. Owah gingsire panguripan bisa didadekake crita cekak kanggo hiburan utawa kanggo patuladan urip ing bebrayan agung. Kaya critane Suto Petik, sawijining pejabat kinurmat sing resik, saben dina ketunggon bandha donya kang mubra-mubru bebasan alabur madu, nanging uripe rumangsa ora nate tentrem, dicritakake ing cerkak mawa irahan "Ora Kaya Endahing Impen". Utawa critane Bondhan, bocah lulusan SMA kang gelem dodolan barang-barang kabutuhan kang remeh-remeh kaya kapur barus, obat tuma, obat tinggi, senajan dheweke mahasiswa hukum semester 2, dicitakake ing cerkak mawa irahan "Sing Nomer 2".
Kumpulan crita cekak Mrajak iki mbokmenawa minangka salah sijine patuladan awit isine ngemu piwulang budi pekerti. Ana 18 crita cekak ing buku iki asil karya warga sanggar sastra Triwida sing wis 30 taun kiprah ing jagade susastra Jawa. Buku iki bisa kanggo wacan sapa wae kang mbutuhake. Sokur bage kena kanggo bahan acuwan utawa referensi tumrap tingtingan kang tundhone murih basa lan sastra Jawa mbalik ing jaman kencana rukmi. Ayo, mujudake generasi kang bisa nguri-uri lestarine basa Jawa.
| A2111 | 813 SAN k | Perpustakaan Sekolah Cendekia BAZNAS (800) | Tersedia |
| A2112 | 813 SAN k C.1 | Perpustakaan Sekolah Cendekia BAZNAS (800) | Tersedia |
Tidak tersedia versi lain